Tuesday 25 February 2014

Kumpulan Pidato Singkat Bahasa Jawa





Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Katur panjenenganipun Bpk ingkang kula hormati, Bpk. Ibu guru ingkang kula hormati, rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Naming sakderengipun, lgangkung rumiyen sumonggo tansah ngunjukaken puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalasan kula tasih pinarengaken kepal manunggal kanti pinaringan kasarasan soho kawilujengan amin.

Kepareng kula matur sak untawis, ngaturaken babakan narkoba, kita mangertosi wekdal menika narkoba saben ndinte dados berita tumanter, TV, napa dene media masa utawi Koran. Kita mangertosi bilih narkoba menika dados awisan, tumraping negri langkung-langkung agami, awit sosinteno ingkang ngomsumsi narkoba, tumindak ipu badhe nalisir saking kasusilan. Sanget kemawan tumindak ingkang ngrungak aken tiang sanes, lan ugi kathah ingkang melebet penjara goro-goro narkoba. Awit tiyang ingkang ngomsumsi narkoba, ical kesadaranipun lan gampil tumindah anarkis, kados ipun, mejahi tiyang, mbegal, jambret lan sanes-sanes ipun. Narkoba ngrusak jasmani soho rohani, sak sinteno tiyang ingkang ngomsumsi, mboten pejabat, mboten artis, mboten rakyat, mboten guru, mboten murid, mboten sugih, mboten miskin, pramila kanthi mekaten, monggo sareng-sareng kita tebihi narkoba, kita perangi narkoba, supados kita mboten kecemplung jurang keseseng saran, langkung-langkung dumateng generasi muda, minangka kusumaning monggo kita berjuang kanti sekuat tenaga, nebihi soho merangi narkoba, ampun ngantos kita gampil kepikut barang ingkang haram meniko, ingkang badhe mbeto kito dating tumindak ingkang nalisir, saking kautamen, soho kasusilaan , ingkan tundhopipun dawah dumateng jurang kesesen saran.

Kula kinten naming mekaten ingkang saget kula atur aken mugi-mugi sanget ndados aken pepenget tumrap kita sedoyo lan ambok bilih agen kula matur katah kekuranganipun, kula nyuwun agenging pangapunten, ingkang mboten mranani ing panggalih.
Panutuping atur Wabillahi taufik wal hidaya.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.












Perpisahan sekolah


Asslamualaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kinabekten, bapak ibu guru ingkag dahat kinurmatan, rencang saha adik kelas ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung. Ingkang sampun anglu beraken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makenpal wonten ing sekolahan kangge ngawontenanken perpisahan.
Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan mboten kantun kula minangka wakilipun putra putri siswa kelas sanga atur agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keiklasan saha sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah dhumateng para siswa waengga saget ngampungake kewajiban ingkang sampun kalampahan sadangipun tigang tahun, khanti pikantuk surat tandha tamat blajar.
Sedangipun tigang taun kula ngangsa kawruh wonten ing pawiyatan wonten ing panggulemah thanipun, ngantos wonten pengeketing batin seingga karengku kados putraputri piyambak.

Bapak ibu tuwin adik adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula trisnani. Sakedhap malih kula sarencang rencang nilaraken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundi raosipun nilar Bapak/Ibu Guru saha adik adik, amargi kawontenan kedah mekaken, pramila kepeksan kula kaliyan rencang rencang nilaraken Bapak/Ibu Guru saha adik adik kelas pitu tuwin kelas wolu sanadjan ta sampun perpisahan ingkang ateges tindih ing natra. Mewantu wantu kula tansah nyenyuwun supados taksih celak ing pengasih.
Pawiyatan ingkang sampun metahu tahun sampun tansah cecaketan kaliyan kula, kula sarencang rumaos cuwa penggalih, badhe nilaraken pawiyatan menika, amargi kahanan saka karsaning gusti, wonten pepaggihan tamtu badhe wonten perpisahan, punika kados sampun sampan kodrat mboten kenging dipun owahi maleh.
Kula sarancang kelas sanga ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedanga adik adik sageda kasil anggen ipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika, kula minangka wakilipun rencang kelas sanga tansah nyuwun, mugi mugi adik adik sregep anggenipun sinau lan tansah mituhu dhumateng Bapak/Ibu Guru.
Mboten kantun ugi kulo dalah rencang kelas sanga tansah memuji dhumateng gusti ingkang Maha Agung, supados Bapak/Ibu Guru saa adik adik pikantuk nikmateng pangeran wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
Kulo kinten mboten prayogi menawi atur pamitan pamitan punika kulo pepanjang. Kulo naming tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu Guru saha adik adik. Sageda wilujeng sasampunipun medal saking pawiyatan punik lan sageda pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil. Ingkang mboten nglajengaken sageda pangestu pedamelan ingkang samurwat kaliyan pangetosan ingkang sampun tinampi.

Mbok menawi wonting kirang tata karma anggen kulo matur saha sisip sembiring atur, kulo minongko wakil kelas sanga tansah nyuwun agunging panuwun igkang tanpa upami.

Akhirul kalam billahi taufik wal hidayah. 
Wassalamualaikum Wr. Wb.




Hari pendidikan nasional


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun ;…….Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :


“Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.

Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.

Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah SWT. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam. 

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.







0 comments:

Post a Comment