Tentang
hari pendidikan itulah tema dari pidato bahasa jawa dibawah ini.
Memperingatinya dengan segenap hati, dan bagaimana seharusnya kita sebagaimana
mencari ilmu bahkan sampai ke negeri cina sekalipun.
Dan
dibawah adalah pidato pendidikan dengan menggunakan bahasa jawa, bagi siswa dan
siswi di sekolah bisa menggunakannya sebagai referensi atau bagi para guru bisa
menggunakan teks dibawah ini untuk acara yang sesungguhnya.
Assalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Poro
bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang
berbahagiya niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur
dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun
sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu
ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih
saking wulan Mei tahun ;…….
Perlu
sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD
1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi
umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun
lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun
mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo
maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan
ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados
pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang
artosipun :
“Nggoleko
ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno
ingatasi saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno
sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”
Poro
rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Lan
kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan
sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi
ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun
kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan
akhirat.
Semanten
ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten
nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun
terami Allah swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.
Wassalamu’alaikum
Warahmatullahi Wabarakaatuh.
0 comments:
Post a Comment